Skip to content
Lyric
Dive
Public playlists
My playlists
Search
Sign in
Cidro 2
Pendhoza
Popularity · Low
+
Javanese · Original
0
0
YouTube
Searching YouTube...
Lyrics
Original
Translation
Bilingual
Durung nganti garing catu sing ning atiku
Tego-tegone sliramu nambahi loro batinku
Aku ora percoyo nanging kabeh iki nyoto
Cetho ning ngarepe moto, yen sliramu
Kuwi cidro
Panas-panase srengenge kuwi kang nguliti awak iki
Nanging seh panas rasaning ati nyawang kedadean iki
Aku 'ra bakal mbaleni kowe gawe catu ning ati
Ati sing tau mbok jogo nanging saiki kowe cidro, yen pancen cukup semene
Awakku bakal ninggalke kabeh kenangan ro kowe tak kubur selawase
Lungo awakku sing kudu lungo timbang batinku keloro-loro
Ra bakal awakku iki bali nemoni sliramu
Lilo awakku iki wes lilo senajan loro neng njero dodo
Yen pancene uwis nasibku kudu pisahan karo awakmu
Iki wes dadi nasibku kudu pisah ro awakmu
Ora bakal tak getuni kabeh wes garise Gusti
Panase srengenge iki isih panas njero ati
Nyawang kedadean iki trimo lungo ora bali
Lungo awakku sing kudu lungo timbang batinku keloro-loro
Ra bakal awakku iki bali nemoni sliramu
Lilo awakku iki wes lilo senajan loro neng njero dodo
Yen pancene uwis nasibku, kudu pisahan karo awakmu
Yen pancene uwis nasibku, kudu pisahan karo awakmu