Undangan Rabi
Nella Kharisma
Popularity · Low
YouTube
Searching YouTube...
Lyrics
Loro rasane moco undangan rabimu
Amung semene iso mbok culne tresnoku
Kudu tak lilo pancen keputusanmu
Nadyan keloro-loro njero batinku
Reff.
Sing tak rasakne loro atiku
Nalikane nrimo layangmu
Kaget tak woco undangan rabimu
Ngene carane medhot tali tresnoku
Mbiyen tak trimo ucap manismu
Jebul saiki lamis janjimu
Mbok terus terang yen medhot aku
Ojo nilap njur nrimo kabar rabimu
Saktenane batinku keloro-loro
Nyawang fotomu jejer ro wong liyo
Ora tak songko undangan rabi
Mbok gawe medhot tali tresnomu
Loro rasane moco undangan rabimu
Amung semene iso mbok culne tresnoku
Kudu tak lilo pancen keputusanmu
Nadyan keloro-loro njero batinku
Loro rasane moco undangan rabimu
Ra ngiro yen kowe ninggalke aku
Ra uwis-uwis netes eluh ning pipiku
Mergo pungkase sing nyanding kowe dudu aku