Skip to content

Sumamburat Bang-Bang Wetan

Ardia Diwang Probowati
Popularity · Low

YouTube

Searching YouTube...

Lyrics

Sumamburat bang-bang wétan Kålåwanci kang pinêsthi Sêdåyå pêparingé Gusti Solah tingkah munå muni Tindak tanduk kang nyawiji Linambaran agåmå ageming aji Ånå urip ånå mati Padhang pêtêng kang wis mêsthi Bungah susah iku pêparingé Gusti Ngupåyå lan pamarsudi Kanthi tulusing ati Pådhå nggayuh wahyuning Ilahi Sun ngidung têngah wêngi Konjuk ngarsaning Gusti Kang nyiptå jagad iki Kang ngrêkså jiwå iki Sun ngidung wayah wêngi Nyuwun agunging pangaksami Lêpat lan doså niki Panjênêngan ampuni Kang bêcik tinuladå Kang ålå singkirånå Ngunduh wohing pakarti Kang biså diwiradati Bêbudèn kang utåmå Sêntoså jiwå rågå Wêlas asihé Padukå Tinebih såkå rubédå Ånå urip ånå mati Padhang pêtêng kang wis mêsthi Bungah susah iku pêparingé Gusti Ngupåyå lan pamarsudi Kanthi tulusing ati Pådhå nggayuh wahyuning Ilahi Sun ngidung têngah wêngi Konjuk ngarsaning Gusti Kang nyiptå jagad iki Kang ngrêkså jiwå iki Sun ngidung wayah wêngi Nyuwun agunging pangaksami Lêpat lan doså niki Panjênêngan ampuni Kang bêcik tinuladå Kang ålå singkirånå Ngunduh wohing pakarti Kang biså diwiradati Bêbudèn kang utåmå Sêntoså jiwå rågå Wêlas asihé Padukå Tinebih såkå rubédå