Skip to content

Suwukan Jaran Kepang

Jogja Hip Hop Foundation
Popularity · Low

YouTube

Searching YouTube...

Lyrics

Sang lindung, aku ora duwe ingkung Sang lindung, aku aja digawe binggung Kaki danyang, nini danyang Jaran kepangku balekna ngandhang Eee, jaran putih ngalor mlayune Jaran abang ngidul mlayune Kaeee, jaran kuning ngetan mlayune Jaran ireng ngulon mlayune Sliramu sing nyekel pecute Jo malah kegeret playune jaran Aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul Aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon Sing mencit methithit Ngener marang langit Manunggal marang Pangeranmu Muliha menyang kandhangmu Yaiku keblat papat lima pancermu Sang lindung, aku ora duwe ingkung Sang lindung, aku aja digawe binggung Kaki danyang, nini danyang Jaran kepangku balekna ngandhang Remmmm Jaranmu tansah merem Mung sliramu sing weruh ana ing tujuwe Jaranmu tansah luwe Mung sliramu sing weruh ana ing watessu Jaranmu tansah nepsu Mung sliramu sing weruh ana ing prelu Yen siro gelem diseret-eret jaranmu Ngkuwihi tujumu watesmu lan prelumu Sira bakal ora weruh ing tuju Ora weruh ing wates Ora weruh ing prelu Tujumu, watesmu, prelumu Yaiku tetelu, keblat bejane uripmu Sang lindung, aku ora duwe ingkung Sang lindung, aku aja digawe binggung Kaki danyang, nini danyang Jaran kepangku balekna ngandhang Amek banyu apepikulan warih Jaranmu iku jaran banyu Aja numpak yen sliramu Durung weruh segering banyu Amek geni adedamaran Jaranmu iku jaran geni Aja numpak yen sliranmu Durung weruh padhanging geni Apa kang ginayuh ing wektu Bakal kasembadan yen sliramu Apepikulan segering ati Lan dedamaran padhanging budimu Sang lindung, aku ora duwe ingkung Sang lindung, aku aja digawe binggung Kaki danyang, nini danyang Jaran kepangku balekna ngandhang Sang lindung leyang arane kepang Sang lindung kidang arane jaran Ajuju si wringin sungsang Kinubeng ing kumbala geni Pyur ilang dadi banyu puyih Wujurmd tunggal waluya jati Sira muliha nang negaramu Ing watu koyo iku Mutmainah jaran putihmu Lumepasna kekarepanmu Amarah jaran abangmu Singkirna angkara murkamu Supiyah jaran kuningmu Tebihna alane gegayuhanmu Aluamah jaran irengmu Luwarna srakahe wetengmu Sang lindung, aku ora duwe ingkung Sang lindung, aku aja digawe binggung Kaki danyang, nini danyang Jaran kepangku balekna ngandhang Eeeee