Skip to content
Lyric
Dive
Public playlists
My playlists
Search
Sign in
Ketaton Cerita
Galih Prastya
Popularity · Low
+
Javanese · Original
0
0
YouTube
Searching YouTube...
Lyrics
Original
Translation
Bilingual
Sumilir angin wengi nggegawa rasa
Lintange wus sirna katutup mega
Ginambaring tresna kang katon ana ing netra
Saiki wus sirna merga ketaton cerita
Nanging, kowe ora mangerteni
Marang tresna kang tulus suci
Nalika tuwuh katresnan
Aku kowe sesandhingan
Solah slagamu katon endah sinawang
Kelingan mulih tanggapan
Turut ndalan bebarengan
Nanging, saiki amung dadi kenangan
Rikala dhek jaman semana
Aku kowe ngrerujit, nuwuhke tresna
Ningapa malah kesandhung rubeda?
Kowe malah sumandhing wong liya
Nalika tuwuh katresnan
Aku kowe sesandhingan
Solah slagamu katon endah sinawang
Kelingan mulih tanggapan
Turut ndalan bebarengan
Nanging, saiki amung dadi kenangan
Rikala dhek jaman semana
Aku kowe ngrerujit, nuwuhke tresna
Ningapa malah kesandhung rubeda?
Kowe malah sumandhing wong liya
Rikala dhek jaman semana
Aku kowe ngrerujit, nuwuhke tresna
Ningapa malah kesandhung rubeda?
Kowe malah sumandhing wong liya