Skip to content
Lyric
Dive
Public playlists
My playlists
Search
Sign in
Keroncong Suka-Suka
paksi band
Popularity · Low
+
Javanese · Original
0
0
YouTube
Searching YouTube...
Lyrics
Original
Translation
Bilingual
Pring petung ditegor nganggo arit
Ora kabeh neng donyo
Iso dietung nganggo dhuwit
Rojobrono diuber ra ono enteke, eling
Urip iku mung sadhela paribasane
(Urip mung mampir ngombe)
Ngombeo sakcukupe
Rekoso uripe ngongso, sakkabeh dioyo
Ra kroso ngalap jatahe wong liyo
Ojo nganti nyambut gawe mempeng
Lali srawung kiwo tengen
Atine ora ayem, ulate dadi peteng, moto dhuwiten
(Njangan kluwih ojo dicampur urang)
Ra kudu sugih sing penting ora kurang
Sokur migunani tumraping liyan
Rasah srakah bondho donyo kuwi saderma titipane Gusti Allah
Manuk emprit menclok neng pari alah dhuwit
(Ora digowo mati)
Urip mung mampir ngombe
(Ngombeyo sakbecike)
Eling tembe mburine
Rekoso uripe ngongso sakkabeh dioyo
Ra kroso ngalap jatahe wong liyo
Ojo nganti nyambut gawe mempeng
Lali srawung kiwo tengen
Atine ora ayem, ulate dadi peteng, moto dhuwiten
Manungso urip bebrayan ojo petungan
Mundhak ra penak le kekancan
Ojo lali yen linuwih rejeki becike bagi-bagi
Atine dadi ayem, ulate mesam-mesem, uripe seneng
(Njangan kluwih ojo dicampur urang)
Ra kudu sugih sing penting ora kurang
Njangan gori ojo kakehan kencur
Rejeki uwis ono sing ngatur
(Sate gajih dibuntel tali kotang)
Ra kudu sugih sing penting ora utang
(Sate kikil dipangan Gatotkaca)
Ojo pokil mundhak ra duwe konco
Sing prasojo, suko-suko