Skip to content
Lyric
Dive
Public playlists
My playlists
Search
Sign in
Nagih Janji
Difarina Indra Adella
Popularity · Low
+
Javanese · Original
0
0
Listen
YouTube
1
2
3
0:00 / 0:00
Loading YouTube player...
Lyrics offset
Synced
Lyrics
Original
Translation
Bilingual
Mas Fendik (ya, mangga Dhik Difa)
Apa ra kelingan awakmu karo bojo lan anakmu?
(Curahkan isi hatimu)
Adella
Kelingan rikala urip bebarengan
Bungah-susah, kabeh ra dadi alangan
Senadyan sedina mung mangan sepisan
Ati seneng anggone urip bebrayan
Nanging, saiki uripmu uwis mulya
Banjur lali rikala jaman semana
Mangan penak, turu penak, kerja penak
Njur lali marang aku sing ngrumat anak
Tega tenan sliramu marang awakku
Mbok tinggal lunga suwe, apa dayaku?
Saiki tak tagih ning janji-janjimu
Lali aku, aja lali anakmu
Anakmu saiki wis gedhe-gedhe
Pengin nyuwun pirsa sapa ta bapake (kandhani lho, Cah Ayu)
Udan tangis, atiku tambah nelangsa
Ning atiku kok tambah mbok sia-sia
(Adella) Cumi-Cumi Audio
(Yen anakmu takon sapa bapake)
(Jawab ta, Ndhuk) jawabku kepiye, Mas?
(Sik kerja Pake)
(Difarina Indra) Mas Fendik
Ya pancen wis suwe anggonku lunga
Nggonku urip ngadu nasib ana kutha
Aku ninggal anak-bojo lan wong tuwa
Urip ning ndesa tansah kelara-lara
Pancen saiki uripku wis mukti
Nanging, aja mbok anggep aku wis lali
Jroning ati mung tansah ana sliramu
Luwih-luwih dadi sumpah jroning atiku
Pancen wis dadi sumpah jroning atiku
Yen durung bisa keturutan karepku
Aku ra bakal lali mring wekasanmu
Mung tak jaluk, sabar ngenteni tekanku
Yen anakmu takon sapa bapake
Kuwi kabeh ngono wis ana benere
Kandhanana, aku isih nyambut gawe
Nggo mulyake anakmu kelawan kowe
Nggo mulyake anakmu kelawan kowe